group

group

Jumat, 06 Agustus 2021

Pandhawa Lima

 

Padhawa Lima

                 Pandhawa lima iku putrane Prabu Pandhudhewanata, ratu ing Hastinapura. Minangka pambareping pandhawa yaiku Raden Yudhistira utawa Prabu Puntadewa, lajeng Raden Bratasena utawa Raden Werkudara, Janaka utawa Arjuna, lan si kembar Raden Nakula lan Raden Sadewa. Prabu Pandhudhewanata seda nalika Pandhawa isih cilik-cilik. Kang gumanti ratu yaiku uwake para Pandhawa, Prabu Dhestrarastra. Wiwit sedane ramane, uripe para Pandhawa iki rekasa banget amarga disiya-siya dening para Kurawa cacah satus, Putrane Prabu Dhestrarastra. Kurawa watake degsiya, sawenang-wenang, ambeg angkara murka, lan srakah banget. Karepe, Kamulyan Kraton Ngastina arep dikuwasai dhewe.

                  Pandhawa lima iku satriya kang welas asih lan sabar banget. Apa maneh marang Kurawa, nak dulure. Ananging koksok baline, panganggepe Kurawa marang Pandhawa iku ora kaya sedulur tunggal mbah, nanging dianggep mungsuh. Kurawa kuwatir menawa Pandhawa bakal njaluk baline kaprabon Hastinapura, mula tansah mbudi daya sirnane Pandhawa. Dene carane nyilakakake Pandhawa kanthi diracun panganane, diobong urip-uripan, nganti diusir saka kraton. Ananging para Pandhawa tetep sabar, gedhe welase, lan gedhe pangapurane marang kurawa. Para pandhawa milih ngalah karo sedulure.

            Watake Para kurawa kang degsiya, lan sawenang-wenang marang Pandhawa iku ndadekake Kurawa digethingi dening para kawula. Dene watake para Pandhawa kang sabar, welas asih, lan tresna marang sapadha-padha iku ndadekake para Pandhawa ditresnani dening kawula.  Akeh kawula kang lila legawa atur pambiyantu marang para Pandhawa. Wusanane, para Pandhawa kasil mbangun kraton dhewe ing Amarta. Raden Yudhistira madeg ratu jejuluk Prabu Puntadewa. Para Pandhawa kasil nggayuh kamulyane urip. Dene para Kurawa pungkasane kalah perang lan mati kabeh ing perang Baratayudha.